Babat Alas Pamujan Bahasa Jawa - 1
Cerbung- Wiwitaning carita ing wewengkon Winongan (saikine
wilayah Alas, Gunung Kawi). Winongan iki miturut gotheking crita
minangka pradesan kang ono gegandengane Sadeng duk rikolo alas pamujan iji gung liwang- liwung.
Wektu iku keno di arani winong cedhak karo
tembung ‘winung ateger wiwitane madunung’. Mirid saka kahanan lan sejarahe masyarakat sakiwatengen papan winong, wong-wong ing wewengkon iki minangka playon saka Majapahit,
wong-wong kang ‘madunung’ ing alas pamujan lereng Gunung Kawi biyene.
Crita lesane wong-wong
kuna nerangake manawa panderek e Prabu Brawijaya pungkasan keplayu tekan alas Pamujan,
ngulandara ing sawetara papan lan mbukaki alas-alas dumadi desa-desa sarta
ninggalake maneka kabudayan. Poro Panderek e Brawijaya pungkasan milih manetep ing tlatah alas pamujan, Gunung Kawi,
jalaran rikala disuwun malik ngrasuk salin ageman dening Sunan Noto ora kersa. Wong-wong iki wis sukoreno dumunung ing sajembaring alas Gunung Kawi. Kanthi nilarake maneka warna
kabudayan kang gregete nuduhake semangat Jawa Asli, kaya
ta.. tledhek, nyi ketuk, jaran kepang, babad alas, Paruwatan, petilasan lsp. Kang tansah diuri-uri tekane saiki. Ora bedo kaya kang dumadi ing desantaraning pulo Jawa lumrahe.
Ing Winongan Adipati Wiramanggolo madeg dadi paniti.
Piyambake kagungan garwa cacahe loro, sing siji wanita mbok Arijat, sing siji
garwa triman saka Kraton aran mbok Ajisah.
Wus dadi kalumrahan yen para paniti pikantuk bebungah awujud apa wae saka
ratune, bisa kalungguhan, kalebu garwa triman. Angkahe warna-warna: kanggo
lintu tandang gawe, kanggo nerusake trahing kusuma, minangka tandha
panguwasaning raja utawa kosok balene, teluke panggedhe ing dhaerah-dhaerah
marang Nagaragung.
Duk semana, rikala Paniti Wiramanggolo sowan ing Kraton, piyambake oleh prentah saka Kanjeng ratu supaya madeg Kutha
Praja wektu iku kang dumunung ing Alas Pamujan Winongan. Alas Pamujan wektu iku miturut
tata jlantraning jagad keblat papat, wanuh lan banget ngemu berkah. Dadi, rinasa dening Ratu tumrap wewengkon alas pamujan sak kiwo tengeni prayugo ka babat tumuli di nggo tengoro lan ngembak ake pamrentahan awujut khuto projo. Mangkono
alesan ing crita mikuno.
Sawuse kondur saka Kraton , Paniti Wiramanggolo nimbali kabeh pangembating nolo ing Winongan supaya sowan
ing dalem pasewakan.
Pu Radi, yaiku Penatus Ing Sadeng (wilayah sakiwo tengene Winongan), durung katon sowan ing pasewakan. Para
pangembating sang manggolo padha duwe beda penggalih, babagan durung sowane Pu radi. Wekasane, Penatus soko sadeng tumeka sowan.
Rangga Cemeng,
sawijining rangga asal Pagerwojo, matur marang Paniti Wiromanggolo supaya Pu radi diparingi ukuman marga telat anggone sowan. Rangga siji iki pancen
wong kang gumunggung, seneng tumindak culika. Ananging usul mau ora ditanduki
dening Sang Paniti. Sang Wiromanggolo paring dhawuh marang Pu Radi
supaya ngayahi jejibahan mbabad Alas Pamujan kanggo mangun kutha praja kaya dene kang tinitahake Sang Ratu.
Pu Radi siyaga mundhi dhawuh. Rangga Cemeng ora sarujuk yen Pu Radi kang pinilih ngemban titahe Ratu iku. Angkahe, dheweke kang madeg
duta. Rangga Cemeng ndhisiki metu saka pasewakan marga ora narima kahanan
iku.
Ing Tlatah Wahujung, cinarita ana sawijining wong sekti kanthi nama Mbok ketuk, kawentar jejuluk Nyi Ketuk. Nyi Ketuk
dimangerteni dening wong-wong ing sakiwatengening tlatah Wahujung, kepara ing sawetara wektu iku, minangka wong kang linuwih,
mligine gayut karo roh alus lan lelembat. Nyi Ketuk duwe garwa inaran Ki Parang Klakah.
Nyi Ketuk satemene mbakyune Pu Redi.
Nyi Ketuk lan Pu Radi
iki kalebu keturunane wong-wong playon saka Majapahit jaman semana. Tekane Wahujung, Pu Radi marahake babagan apa kang tinitahake marang
piyambake: mbukak Alas Pamujan didadekake Kutho projo. Pu Radi
nyuwun pretimbangan marang kangmboke. Satemene, sawuse ngrungu titah iku Mbok Ketuk rumangsa yen iku titah kang abot sanggane. Sakehing wong kang dumunung ing
wewengkon Wahujung, Sadeng lan Winongan lan pagerwojo wektu iku wus priksa yen Alas Pamujan iku alas
kang gawat kaliwat , punjere keramat ugo ora selak jim lelembut, lan omahe pasebane poro dhanyang .
Nanging, Mbok Ketuk saguh nyengkuyung lan ngrewangi adine.
Mbok Ketuk ndhawuhi Pu Radi, sadurunge ngayahi babad alas supaya
nglakoni sesuci lan ngadani slametan ugo ganti aran. Upacara iki syarat kang wus ditindakake
para leluwure kawit biyen lan minangka sarana supaya manungsa bisa nyawiji lan
nguwasani alam, kalebu roh-roh kang manggon ing alas wingit Pamujan.
Dene Nyi Ketuk bakal nyoba ‘rembugan’ karo Poro dhanyange Alas Pamujan! ugo paring silih aran Pu Radi ganti aran Rahardiman koyo wisik kang wus tinampi soko leluhure. bersambung....(RJD)
Babat Alas Pamujan Bahasa Jawa - 1
Reviewed by Timexpose
on
Mei 08, 2016
Rating: